B. Daerah

Pertanyaan

Apa arti "njagakake endhoge si blorok" ing basa jawa?

1 Jawaban

  •             Arti njagakake endhoge si blorok ing basa jawa yaiku ngarep-arep barang sing durung mesthi . Ing ngisor iki bakal tak jlentrehake apa iku paribasan lan tuladha-tuladhane.

    Pembahasan

               Tembung Paribasan, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. (Yaitu rangkaian kata yang tetap penggunaanya, tidak mengandung makna pengandaian, dan bermakna konotatif). Ing ngisor iki sekedhik tuladhane paribasan.

    • Anak polah bapa kepradah, tegese Tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa.
    • Becik ketitik ala ketara, tegese Becik lan ala bakal katera ing tembe mburine.
    • Busuk ketekuk pinter keblinger, tegese Sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka.
    • Mikul dhuwur mendhem jero, tegese bisa njunjung drajade wong tuwa
    • Njagakake endhoge si blorok, tegese ngarep-arep barang sing durung mesthi
    • Ora uwur ora sembur, tegese ora gelem cawe-cawe (aweh pitulung)
    • Pupur sadurunge benjut, tegese Ngati-ati sakdurunge cilaka.
    • Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah, tegese Yen padha rukun mesti padha santosa, yen pada congkrah mesti bakal bubrah/rusak.

    Pelajari Lebih Lanjut :

    1. Bedane Paribasan, Bebasan, Saloka, waca ing brainly.co.id/tugas/1721758
    2. Tuladha Tembung Dwilingga, waca ing brainly.co.id/tugas/1035191
    3. Tembung Entar, waca ing brainly.co.id/tugas/12792924

    Detail Jawaban

    Kelas         : -

    Mapel         : Bahasa Jawa

    Bab            : Paribasan

    Kode          : -

    Kata Kunci : Pengertian Paribasan, Tegese Paribasan, Contoh Paribasan, Tuladha.

    Gambar lampiran jawaban tessy

Pertanyaan Lainnya